Kamis, 08 Januari 2015

Dagelan Jawa Timuran : Tattoo jilid 3

Kapok mergo tattone ilang keno semprotan "hit one push"-e simboke, critane ngono saiki Cak No sing preman asli Kertosono kuwi arepe ganti gambar tattone dadi gambar ulo kobra sing sangar. King Cobra sing wisane medeni kae. Tapi belajar dari pengalaman terdahulu, ... cak No sakdurunge wis pesen tharik2 karo si tukang tattone, ben ora kliru maneh hasile.

"Ojok mbok tulisi "melayani BPJS" maneh koyo cak Gimo yo Lek?!" Pesene cak No, mergo kuatir gambare tatto podho karo cak Gimo, sing dadine koyok lambange apotik "Sumber Waras" pojokan pasar Sukomoro kae.

Bareng tatto-ne wis dadi, karo pringas-pringis ngempet perihe, cak No nyawang tatto nang geger-e kuwi ndhik koco pengilon. Biyuuuuuuh, jan serem tenan ulo kobrane kuwi, sajak wis meh nyandher nyemburke wisone sing mematikan iku.

Rampung urusane karo tukang tatto, cak No pamitan njuk budhal nang pos ojekan Mbra'an Mengkreng nggone ndheg-ndhegan bus AKDP/AKAP Suroboyoan. Karepe meh pamer tattone sing anyar nang kanca2ne sesama preman lan tukang ojek, lan bakul2 tahu takwa sing sok dipalak ndheknen.

Tekan warunge mbak Menik sing dodolan pecel tumpang ning Mbra'an kono, cak No njuk koar-koar mbarek mamerno tattone sing anyar. Klambine kothak-kothak jatah pilkada lungsurane uwak'e kuwi dibukak byak, njur geger'e diweruhno konco-kancane sesama preman beserta komunitas bakul sing biasa dipalaki kae mau.

Ewosemono, ora krungu suarane wong kagum marang gambar tattone, cak No malah krungu aloke konco-kancane sing "lha lho lha lho" karo "nda ndi nda ndi" sajak bingung.

"Lha yok opo rek? Onok sing kleru tah gambare tattoku?" Takone cak No.

Mbak Menik sing sakjane miris wedi yen weruh ulo dowo, langsung takok.

"Endi to cak ulo kobrane? Sing onok mung gambar bunder ireng cedhak bokonge pean ngono kok. Dudu "toh" utowo mari dibekam wak Dul tah iku mau?" Ujare mbak Menik nggenahno.

"Lho lha yok opo se kok gak ono gambare ulo?" Genti cak No sing mbingungi.

Saiki gegere diadhepno lemari kacane yu Nur sing duwe toko cedhak warunge mbak Menik kuwi. Tenanan, ulo kobra sing maune ketok nggegirisi kae ora ono babar blas. Mung kari gambar bunder ireng cedhake bokong ukuran rong diman. Liyane ngono mung panune, lan tatu bekas pecute Bapak jaman diajar pas mbolos sekolah STM biyen kae sing kari ono gegere cak No.

Let sedhelo, Aripin anake mbak Menik sing nembe tamat Tsanawi melu omong.

"Palingo ulone wedi, Lek. Kae mau onok rombongan wong nyuluh kodhok nembe munggah bis jurusan Nggalek. Biasane kae wong iku yo karo golek ulo. Mamulo saiki ulomu ndhelik nok leng'e sing bunder ireng iku."

Wong ngakeh ngono saknaliko podho koor bareng, "Woooo, iyo layak nek ngono!" Dene cak No njuk ungkep2 nang mejo makane mbak Menik, banget le uuuuisin lan gelo kelangan ulo kobrane, sing kari leng'e tok cedhak bokonge.


Kertosono, 2014