Kamis, 08 Januari 2015

Dagelan Jawa Timuran : Sopir Taksi versi 1



Mari jogo bengi mas Deddy mulih nyang Malang numpak taksi.
Timbangane sepi, mas Deddy njawil supir taksine arepe ngejak ngobrol.
Pas dijawil ndadak supir taksine kuaget setengah mati.
Saking kuagete, sikile langsung mancal gas, montore langsung mencelat arepe nyosop warung.
Untunge, supire sik sempet ngincak rem, gak sidho nubruk.

Mas Deddy karo supire podho pucete gak iso ambegan, malah gemeteran sak kojur.
Pas wis tenang, mas Deddy njaluk ngapuro karo takon nang supire ono opo dijawil wae kok kuaget.

Jare supire "Ngene lho cak, aku sik tas pertama kali iki nyupir taksi, lha sampeyan iku yo penumpangku sing pertama pisan."

Mas Deddy bingung "Lho mbiyen sampeyan kerjone opo, kok isok sampek kagetan koyok ngene ?"

"Aku mbiyen yo nyupir pisan" jare supir taksine.

"Supir praoto tah ?" takoke mas Deddy.

"Supir montor jenasah . ."