Kamis, 08 Januari 2015

Dagelan Jawa Timuran : "Tattoo jilid 2"

Cak No, preman asli Kertosono, nembe wae dilepas soko penjara amargo nyolong duite simboke digawe omben2 miras karo konco sak geng motore.

Sak jane yen perkoro ngombe miras, karo nge-geng motor ngono ora banget di-TO karo pak Kapolsek. Nanging mergo duite simbok dicolong dheweke iku, pak Kapolsek banget getem2e karo cak No. Lha sebabe pak Kapolsek kepekso nunggu setengah jam nang warung pecel simboke cak No ngenteni susuk, tibakne simboke semaput nang kamar ngonangi duite dicolong uwong. Opomaneh jebul sing nyolong anake dhewe, yo cak No iku.

Metu soko penjara ngono cak No nggowo oleh2, nang gegere digambari tatto Kolojengking sing rupane ganas kae. Trus nang lengen kiwo tengen yo ngono, digambari tatto kewan opo kae ora patio jelas mergo gambare elek, tapi yen disawang2 kok koyo coro opo jangkrik.

Ndilalah sakwijining sore, ngadhepke maghrib, cak No isih kepenaken turu nglepus ndhik dhipan amben senthong mburi omah. Turune sajak dikepenakne tenan, koyo-koyo gawe ijole turu nang sel penjara sing gak ono klosone lan akeh nyamuke.

Rembug bab nyamuk iki pisan, sore kuwi simboke cak No wiwit nutupi jendelo omah. Kareben nyamuk ora tambah akeh sing mlebu, amargo yen wis wayah surup ngene iki nyamuk soko pasar mburi omah kuwi senenge transmigrasi nang omahe cak No kene.

Geblage mbing ... Nyamuk jebule kadhung wis akeh sing menylusup nang njero ngomah, uwang uwing uwang uwing marai jengkele simbok. Siyeeeet, ... kanthi mateg aji lan jopo montro tulak balak, simbok enggal nyandhak semprotan Hit One Push ... Crut crut crut, ora mung pisan tok, malah kaping telu nyemprote, saking ben mareme nyamuke ben ndang entek.

Mambu obat nyamuk disemprotne simboke, cak No enggal tangi gregah lan mlayu njranthal ngendhani semprotan iku mau ... Nanging apese pancen gak iso ditulak, sanajan wis mlayu sipat kuping, tatto-ne cak No ceblok nang jogan. Kolojengking gedhe sing rupane ganas kae, tunggal dene "coro-coro"-ne, podho klenger keno semprotan One Push sing over dosis kuwi.

Kertosono, 2014