Kamis, 08 Januari 2015

Dagelan Jawa Timuran : "Guyon Malem Jemuwah, dulur!"


Sakbubare yasinan ndhik musholane kampung, cak Yadi budhal nang warunge Yu Mun. Karepe ngono ngopi karo golek konco jagongan, mergane nang omah kalah karo anak bojone leh rebutan tipi.
Tekan ngarep warung, cak Yadi meruhi cak Lonthong nembe mancing nang kalenan sebelah warunge Yu Mun. Kamongko kalenane wis meh garing ora ono banyune mili. Ono banyu wae soko buwangane korah-korahe Yu Mun.
"Biyuuuh melase dulur sitok iki" ngono batine cak Yadi. Pancene cak Lonthong nang kampunge kono yo kalebu wong susah kesrakat, dhasare wong bodho, tandang gawe ora genah pintere, dadi kangelan olehe golek rejeki.
"Cak Lonthong, mreneo!" Cak Yadi nyeluk cak Lonthong mlebu warunge Yu Mun. Sing diceluk cekat-ceket moro lungguh nyandhingi cak Yadi.
Ditawari ngopi kare maem, cak Lonthong yo ora nolak blas. Soto sak mangkok bablas, malah wis pesen imbuh pisan. Kopine wis disruput separo, karo nunggu tandukane soto.
"Pean mancing nang kono iki awit kapan cak?" Takone cak Yadi.
"Awit ngarepke maghrib mau." Jawabe cak Lonthong entheng, karo mulai nyendhoki sotone maneh.
"Opo yo onok iwake nang kono?" Takone cak Yadi pengin eruh.
"Hehehehe, pean lak yo weruh dhewe to cak, ora ono banyune ngono mosok yo ono iwake." Jawabe cak Lonthong nggarai bingunge cak Yadi.
"Lha geneyo pean kok malah njogrok mancing nang kono yen genah ga ono iwake?"
"Iwake gak onok cak, tapi iso oleh rejekine. Iki mau wis entuk loro, pas maghrib wau, karo saiki."
"Lho karepe piye kok iso ngono?" Cak Yadi isih gumun.
"Nggih kados pean niki wau, asile kulo mancing cak. Lumayan saged sarapan wareg, dibayari pisan. Suwun yo cak!"
"Yung ngalaaaah! Tibakne!"