Kamis, 08 Januari 2015

Dagelan Jawa Timuran : "Tattoo jilid 1"


Cak Gimo, tukang ojek pojok pasar Sukomoro, nembe jatuh cinta mabok kepayang karo mbak Wulan, apoteker sing nyambut gawe nang Apotik Sumber Waras cedhak pangkalan ojeke. Nanging dasare Cak Gimo awake kuru krempeng, dhewekne isih sungkan bin malu2 menyatakan rasa tresnane kepada kekasih hatine.

Hayyyaaaah.

Naliko wadul nang Kang Mbing, tukang cukur langganane, Cak Gimo entuk saran nggawe gambar tatto sing sangar nang gegere. Tukang tatto sing paling apik, jarene Kang Mbing, tokone onok ndhik Kertosono, cedhake water toren. Gambare tatto iso koyok 3D kae, seolah2 hidup. Mbokmenowo yen gambar ulo iso ketok mogel2 yen disulingi ngono kae.

Gandheng selak kebelet "menembak" mbak Wulan, cak Gimo cekat-ceket budhal nang Kertosono. Ora lali, nganggo hapene sing merek Motorcross dijepret gambare patung ulo nogo gedhe sing nang ngarep apotike mbak Wulan iku. Selain pancen model nogone uuuapik tur sangar tenan, sekaligus sebagai bukti tanda cinta sing banget sejati, ngono karepe Cak Gimo.

Tekan tokone tatto, cak gimo enggal nduduhke gambar ulo nogo nang ngarep apotik iku mau.

"Diconto persis plek iki yo cak!" Ngono cak Gimo mesen nang si tukang tattone.

"Lha iki kok nggubet gelas yo opo digawe koyo ngene iki Lek?" Takone si tukang tatto.

"Welha iyo, pokoke persis plek! Pancen kanggo bukti cintaku marang adinda Wulan sing kerjo nang apotik kono kok! Wis ndang digarap, ojo kakean takon!" Ngono cak Gimo nyukupi omong.

Si tukang tatto gur manthuk2 ae. Wis genah kanggo dedikasi cinta ke mbak'e apotik, iki ngono batine si tukang tatto.

Sret sret sret ... Ora nganti sak jam, gambar ulo nogo koyo sing nang hapene cak Gimo wis dadi. adhine cak Gimo, jenenge Alip, sing ngancani kawit mau yo manthuk2 sajak marem.

"Yok opo Lip, apik tah gak?" Takone cak Gimo nang Alip adhine, karo ngguya-ngguyu sajak seneng selak ketemu mbak Wulan. Adhine ngiyani karo jash-josh-jash-josh memuji hasil tattone sing apik iku. Cak Gimo percoyo mbarek Alip, dhasar Alip ngono pancen areke jujur.

"Wis persis karo sing nang gambar hapene pean, Lek!" Si tukang tatto negeske ben cak Gimo tambah marem.

Sore iku ugo, nalikane mbak Wulan metu soko apotik arepe pesen sego pecel tumpang nang warunge Mak Tri, sebelahe apotike kono, cak Gimo enggal nyedhaki. Mbak Wulan mesam-mesem wae meruhi cak Gimo moro nyedhaki dheweke.

"Arep nandi cak Gimo?" Takone mbak Wulan naliko cak Gimo sing tergopoh-gopoh wis tekan sandhinge.

"Arepe nembak awakmu, dhek! Ealaaah!" Cak Gimo sing ketrucut omongan gagenan mbikep tutuke dhewe. Kuatir le salah omongan maneh.

"Mosok to cak? Serius?" Mbak Wulan malah negesne takon.

"Ciyuuuus! Ealaaah!" Cak Gimo balik mbikep tutuke maneh sing embuh geneyo kok dadi latah ora karuan koyo mpok Atik sing nang sinetron kae.

Singkat critane ngono, cak Gimo banjur ngancani mbak Wulan maem nang warunge Mak Tri, lan ing kesempatan kono njur mengutarakan cintane. Ora mung sekedhar omong, malah dilanjut nduduhke gambar tattone sing sangar kae mau.

"Iki lho dek, tanda cintaku padamu!"

Lha kok mbak Wulan kompakan karo Mak Tri malah barengan podho ngguyu kepingkel-pingkel weruh tattone nogo iku mau.

"Uwis mbak Wulan, tompoen ae cintane cak Gimo. Iki bukti cinta sejati tenan lho. " Mak Tri melu mbujuk mbak Wulan sing manthuk-manthuk ngiyani. Dheweke seneng ae ditembak cak Gimo nganggo cara koyo ngono kuwi, ... unik lan spesial ... Opo maneh pancen dhasare cak Gimo iku yo asli sregep nyambut gawe, apikan, lucu, tur jujur.

Koyo dene tattone iku jan bedo karo bukti tanda cinta liyane, ... jan orisinil dari lubuk hati terdalam, ... amargo sungguh2 menunjukkan tresnane karo mbak Wulan, sampek gambar ulo nogone sing nggubet gelas iku yo komplit sak tulisane pisan, ... "Apotik Sumber Waras, Melayani BPJS Kesehatan" ... Persis plek gambare hape cak Gimo kae mau.

Buehehehehe, Cak Gimo gitu lhoh!


Kertosono, 2014