Kamis, 08 Januari 2015

Dagelan Jawa Timuran : "Tabuh Pat Likur"

Bukan kisah nyata lho!

Sakwijining wengi, ngarepke tabuh rolas ing tlatah emplasemen PG Lestari, Mat Soleh satunggaling satpam sing dines bengi iki mlaku nyedhaki lonceng ing sebelahe warunge Yu Tun. Ndilalah wengi iki warunge Yu Tun lumayan rame, akeh sopir truk tebu sing podho ngopi ning kono.

Weruh yen pengunjung warunge Yu Tun rame, mlakune Mat Soleh soyo digagah-gagahke. Batine Mat Soleh mongkog banget, bakal iso nabuh lonceng ping rolas disaksikan berjuta pemirsa, hehehehe.

Tekan panggonan pas jam rolas, sak naliko palune lonceng dicandhak lan ditabuhke ...
"Thueng thueng thueng ... "

Tapi durung nganti genep ping rolas, Mat Soleh diaruh-aruhi salah sawijining sopir.

"Yen nabuh rodo digang-gang, ben luweh ulem suarane!" Ngono jarene pak sopir truk.

Mat Soleh manthuk njur dipraktekno olehe nabuh digang-gang, blaise jebule nabuhe kepunjulen sakthuthukan.

"Lho? Kok telulas, mas? Dikurangi siji to!" Celathune sopir liyane.

Mergane bingung, karo Mat Soleh dithuthuk maneh, karepe kanggo pengurangane.
"Lho? Yo ra iso dikurangi cak, digenepi ping pat likur wae!" Aluke sopir-sopir liyane.

Mat Soleh dadi tambah gupuh lan bingung, akhire dithuthuk maneh ambal-ambalan, karo diewangi ngetung poro sopir nang warunge Yu Tun.
"Thueng thueng thueng!"

Genep pat likur!

Dadi rekor unine lonceng paling akeh sak PG Lestari