Kamis, 08 Januari 2015

Dagelan Jawa Timuran : Goro-goro Selingkuh Jilid 2

Bojone Buadi mbobot guedhe, wis kari ngitung dino.
Jare konco-koncone, onok dukun sekti jenenge Wak So sing isok mindahno
lorone wong ngelairno seko ibuke ndhik bapake jabang bayi.
Mergo kepingin nyenengno bojo, Buadi manut opo jare konco-koncone.
Pas wis wayahe babaran, Buadi ngeterno bojone ndhik nggone Wak So.
Karo Wak So, Buadi ditakoni kiro-kiro sak piro kuate nanggung larane wong babaran.
Gawe permulaan Buadi njaluk seprapat dhisik.
Ambek Wak So, Buadi sikile dicancang tali rapia terus dikongkon cekelan amben sing kuat, soale masio mek seprapat, lorone wis gak ketulungan.
Mari moco aji-aji, Wak So mulai mindahno larane bojone Buadi sing wis
tambah mules.
Tibake Buadi menter gak bengok-bengok blas. Wak So bingung wal gumun, cik kuate arek iki.
Malah Buadi njaluk ditambah maneh larane.
Ambek Wak So dipindahno maneh lorone sampek separo.
Tibake Buadi tetep menter gak keroso loro blas.
Mergo sik keroso kuat, Buadi njaluk ditambah maneh lorone sampek telung prapat.
Masio bingung Wak So tetep nuruti panjaluke Buadi iku.
Tibake Buadi sik pancet menter, cumak rodhok pucet sithik.
Jarene Buadi, "Wis Wak So, lorone kekno aku kabeh ae, cik bojoku gak usah ngerasakno loro blas".
Mari ambegan dowo, Wak So ngepolno tenogone gawe mindahno lorone ndhik
Buadi kabeh.
Gak sui ngono bayeke langsung lahir.
Bojone Buadi ketok seger mergo gak loro blas, bayeke yo seger, Buadi yo sik isok mesam-mesem.
Ambek Wak So, Buadi disalami, "Hebat awakmu nak".
Gak sui Buadi sak keluarga pamitan mulih.
Bareng katene mlebu montor, Khoirul supire Buadi digugah mueneng ae, tibake wis mati .....