Sabtu, 01 Agustus 2015

Curhatan Cah Jomblo

Yen wayahe wulan Syawal kaya kiye inyong sebel bingit. Akeh undangan Nikahan. Pan arepe budhal mesti bingung golek barengan, karan isih jomblo kiye inyonge. Apa maning yen wes tekan papane resepsi kumpul karo sing sepuh sepuh. Mati kutu. Mesti ditakoni. "Kapan nyusul?" Inyong kan uuuisin. Ora duwe pacar kok ditakoni kaya kuwe. Kapan dinane wingi inyonge melu simbok takziah tonggo sebelah. Ketemu maneh sing sepuh sepuh wingi kae. Inyong sok akrab tuli gantian takon simbahe kuwi. "Mbah. Kapan nyusul?" Lha kok inyong ditabok sandal. Apa salahe inyong gentiyan takon si?