Senin, 19 November 2018

Beo Mojokerto


Cak Gimo entuk oleh2 manuk beo teko Cak Ginong konco lawase sing kerjo ndhik pabrik spiritus Mojokerto.
Jare Cak Ginong, beo iku pinter niru lagu2 anyar sing ndhik radio. Carane ngongkon nyanyi cuma gawe isyarat tangan diangkat. Nek tangan tengen khusus nyanyi Indonesia Raya. Nek tangan kiwo khusus lagu2 anyar jaman saiki.

Cak Gimo njajal ngangkat tangan tengene ndhik ngarepe beo, langsung beone muni: "Indonesia Tanah Airku, tanah tumpah darahku Indonesia" lan sakteruse…

Njajal maneh, Cak Gimo ngangkat tangan kiwo, beone muni maneh:

"Memang lagi syantik .. tapi bukan syok syantiiiki ...".

Si Beo ternyata wis apal lagune SiBad sing lagi ngetren saiki.

Cak Gimo takon nyang cak Ginong, “Nong, nek tanganku loro karo dak angkat nyanyi lagu opo yo?”

“Cobaen ae, tapi tanggungen dhewe akibate”, jare Ginong ambek nyruput kopi. 

Mergo penasaran Cak Gimo ngangkat tangan kiwo ambek tengen bareng2.

Beo-ne langsung muni : “...Siji-siji cuuuuuuuuk!!! Koen pikir cangkemku onok loro taaaaahhhh?!”