Bojone Sudjak njaluk ditukokno kepiting kanggo buko.
"Yo wis tak tukokno nang pasar Kenjeran Lama" jare Sudjak.
"Lho gak numpak bronpit tah ?" takok bojone.
"Gak wis, cik gak amis. Tak nyegat bemo ae" jare Sudjak.
Bubar
kuwi Sudjak budhal nyegat bemo. Ndilalah ning ndhuwur bemo iku Sudjak
kepethuk maneh karo bekas pacare biyen, jenenge Sablah.
"Lho cak Sudjak, arepe nang endhi pean cak ?" takok Sablah.
"Arepe nglencer golek angin . ." jare Sudjak.
"Sakjane aku arepe kulak kain ning Kapasan kono, tapi wurung ae wis, tak melu pean ae" jare Sablah ngalem.
Bubare kuwi wong loro iku ngelencer nang Kenjeran.
Ning kono lak isis, dadi gak keroso moro-moro wis sore.
"Waduh blaen iki, aku kudu mulih, wis yo ." jare Sudjak.
Sakwise pamitan, Sudjak mampir nang pasar Kenjeran Lama tuku kepiting diadhai kresek.
Mergo
gupuh kabeh wedi konangan bojone, pas arepe mlebu pekarangan ndilalah
kreseke jebol, kepitinge ucul kabeh. Karo nggurak kepitinge, Sudjak
bengok-bengok "Ayo cepetan sithik . .wis meh tekan iki "
Krungu Sudjak bengok-bengok, bojone metu omah karo muring-muring.
"Cak
... Cak, pean iku kok guobloke kok ga dikorting-korting se. Lha mosok
kepiting digiring padhakno bebek ae. Mulakno kok sui. . ."
"Hihihi, amaaaaan!" Batine Sudjak