Tekan ngarep warung, cak Gimo meruhi cak Ginong nembe mancing nang kalenan sebelah warunge Yu Mun. Kamongko kalenane wis meh garing ora ono banyune mili. Ono banyu wae soko buwangane korah-korahe Yu Mun.
"Biyuuuh melase dulur sitok iki" ngono batine cak Gimo. Pancene cak Ginong nang kampunge kono yo kalebu wong susah kesrakat, dhasare wong bodho, tandang gawe ora genah pintere, dadi kangelane olehe golek rejeki.
"Cak Ginong, mreneo!" Cak Gimo nyeluk cak Ginong mlebu warunge Yu Mun. Sing diceluk cekat-ceket moro lungguh nyandhingi cak Gimo.
Ditawari ngopi kare maem, cak Ginong yo ora nolak blas. Soto sak mangkok bablas, malah wis pesen imbuh pisan. Kopine wis disruput separo, karo nunggu tandukane soto.
"Pean mancing nang kono iki awit kapan cak?" Takone cak Gimo.
"Awit ngarepke maghrib mau." Jawabe cak Ginong entheng, karo mulai nyendhok sotone maneh.
"Opo yo onok iwake nang kono?" Takone cak Gimo pengin eruh.
"Hehehehe, pean lak yo weruh dhewe to cak, ora ono banyune ngono mosok yo ono iwake." Jawabe cak Ginong nggarai bingunge cak Gimo.
"Lha geneyo pean kok malah njogrok mancing nang kono yen genah ga ono iwake?"
"Iwake gak onok cak, tapi iso oleh rejekine. Iki mau wis entuk loro, pas maghrib wau, karo saiki."
"Lho karepe piye?" Cak Gimo isih gumun.
"Nggih kados pean niki wau, asile kulo mancing cak. Lumayan saged sarapan wareg, dibayari pisan. Suwun yo cak!"
"Yung ngalaaaah! Tibakne! Yo wiiiiiis … ikhlas kok!"