“Kamaré taksih wonten ?”
“Wah sampun telas, je. Kebak”
“Wadooóh, kulo sedino niki lelungan jan kesel tenan, mbok di-gólèk2ké. Nganggé kloso nggih mboten nopo2”
“Sakjané wonten kamar. Mpun disewo serdadu, ten kamaré wonten peturón kaléh”
“Nopo purun dijak paron?”
“Mesthine purun, wonge niku rodo medhit. Angger séwo kamar Losmen paron mesthi gelem”
“Nggéh pun. Kulo purun”
“Néng akèh séng sambat, jé”
“Sambat pripun ?”
“Wong niku ngoroké kados bledhèg nyamber2”
“Mboten nopo2”
“Biasané konco kamare mboten tahan. Mboten saget tilem. Kebrebegen”
“Mboten nopo2”
Ésuké petugas Losmen nakoni Cak Gimo.
“Pripun ? Saged tilem?“
“Saged. Angler, sakniki kulo seger”
“Wah, pripun carané ?”
“Pas wayah tilem, wong niku pun ngorok mbrebegi kuping”
“Lha, rak inggih to ? Terus pripun ?”
“Kulo ambungi”
“Ha ..... ? Nopo sampéan hombrèng ?”
“Sanès”
“Njuk pripun ?”
“Wonge niku sewengi melèk, mboten wani turu”
"Woooooogh ... Tibake pinter nggih njenengan niku? Wekekekekekek"